Rabu, 11 Agustus 2021

MACAPAT (belajar macapat asik)

Materi

 Tembang macapat meniko salah siji asilipun kebudayaan jawa ingkang adiluhung. Macapat sampun ana wiwit jaman kuna, yaiku saka anane kekawin. Kekawin meniko yaiku wacana puisi kang ditulis karo bahasa jawa kuno (kawi). Yen diruntut saking sejarah, kekawin dikembangake ing jaman majapahit yaiku sekitar tahun 1400 masehi. 

Translate:

Tembang macapat sendiri merupakan salah satu hasil kebudayaan jawa yang sakral/ditinggikan. Macapat sudah ada sejak zaman dahulu, yakni dari adanya kekawin. Kekawin sendiri adalah bacaan puisi yang ditulis menggunakan bahasa jawa kuno(kawi). Jika diruntut dari sejarah, kekawin dikembangkan pada zaman majapahit sekitar tahun 1400 masehi. 


Senadyan macapat sampun enten saking jaman kuna, nanging tembang iki esih tetep lestari menyang saniki. Rahasiane yaiku amarga tembang macapat sampun mbalung sumsum sejroning pribadi tiyang jawa.


Kenging napa tembang kok saged mbalung sumsum?


Sebab kenging napa tembang macapat meniko saged mbalung sumsum menyang pribadine tiyang jawa yaiku amarga sejeroning tembang macapat meniko ngandung akeh pitutur kang becik kang gedhe pigunane kanggo sangu uripp bebrayan. Umpamane pitutur marang pria lan wanita, ajaran moral, sopan santun, unnggah ungguh, toleransi lan liya-liyanipun.


Translate:


Walaupun macapat telah ada sejak lama, namun lagu ini masih tetap lestari sampai sekarang. Rahasia nya yaitu karena tembang macapat sudah mendarah daging kedalam diri orang jawa.


Kenapa tembang macapat sampai mendarah daging?


Alasan kenapa tembang macapat bisa mendarah daging karena didalam tembang macapat mengandung banyak perkataan yang baik yang banyak kegunaan-nya untuk hidup bersama sesama manusia. Contohnyaa perkataan kepada laki-laki dan perempuan, ajaran moral, sopan santun, unggah-ungguh, toleransi dan sebagainya.


Sumber : https://www.dasaguru.com/2020/08/Tembang-macapat.html

Pengertian Macapat

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah jawa kang duweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Miturut Padmosoekotjo (1953:13).


Translate:


Tembang macapat adalah salah satu puisi yang berkembang di tanah jawa yang membunyai beberapa peraturan. Peraturan-peraturan dalam tembang macapat itu ada tiga, yaitu guru gatra, guru wilangan dan guru lagu. Menurut Padmosoekotjo (1953:13).


Sumber : https://www.dasaguru.com/2020/08/Tembang-macapat.html

Sekar Macapat

Sekar macapat cacahipun wonten sewelas, urut-urutanipun sekar macapat ingkang cacahing wonten sewelas punika mujudaken gegambaran ingkang sami kaliyan lelampahaning manungsa saking wiwit bayi abrit dumugi ngantos seda.

( Sekar macapat jumlahnya ada sebelas, urut-urutannya sekar macapat yang jumlahnya ada sebelas itu mewujudkan gambaran dari  kehidupan manusia dimulai dari bayi merah (lahir) sampai meninggal dunia )

Mungguh urut-urutaning sekar macapat saged dipun jlentrehaken kados teng ngandhap punika:

  1. Maskumambang 

Sekar punika nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten padaran/kandhutanipun ibunipun, ingkang dereng kamangertosan jaler punapa estri. Mas ateges dereng pirsa jaler utawa estri, kumambang tegesipun gesangipun ngambang teng kandhutanipun ibunipun.

  1. Mijil

Tembung punika tegesipun sampun miyos/lair lan sampun cetha jaler utawi estri.

  1. Sinom

Tegesipun kanoman/nem-neman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati tumrapipun tiyang nem supados saged ngangsu kawruh sak kathah-kathahipun.

  1. Kinanthi

Saking tembung kanthi utawa tuntun ingkang tegeseipun dipun tuntun supados saged mlampah ngambah pagesangan teng alam donya. 

  1. Asmarandhana

Tegesipun raos tresna, tresna dateng sanes (kakung lan estri lan kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat ilahi. 

  1. Gambuh

saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang tegesipun menawi sampun jumbuh/sarujuk lajeng dipun gathukaken antawisipun kakung lan estri ingkang sami nggadhahi raos tresna wau, teng pangangkah supados saged gesang bebrayan.

  1. Dhandhanggula

Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen-remenipun, punapa ingkang dipun gayuh saged kasembadan. Kelampahan gadhah garwa/kaluwarga, gadhah putra, gesang cakep kangge sak kaluwarga. Mila punika tiyang ingkang saweg bingah/bombong manahipun, saged dipun wastani sekar Dhandhanggula.

  1. Durma

Saking tembung durma/paring. Tiyang menawi sampun rumaos kecakapan gesangipun, lajeng tuwuh raos welas asih dateng kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandhang kacingkrangan, mila lajeng tuwuh raos kepengin durma/paring dateng sesami-sami. Sedaya wau dipun sengkuyung ugi saking piwucalanipun agami lan wantu sosialipun manungsa.

  1. Pangkur

Saking tembung mungkur ingkang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Ingkang dipun penggalih tansah kepingin paring dateng sesami-sami lan nglampahi ibadah  kanthi saestu. 

  1. Megatruh

Saking tembung megat roh utawa pegat rohipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan dateng ingkang Maha Kuwaos.

  1. Pocung

Menawi sampun dados laypn/jisim lajeng dipun bungkus mori petak utawi dipun pocong sak derengipun dipun sarekaken.

Tuladha Tembang Macapat

alah satu contoh tembang Macapat Sekar Kinanthi:

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya

Supaya dadya utami

Artinya:

Maka rajinlah anak-anakku

Belajar Menajamkan hati

Siang malam berusaha

Merasuk ke dalam sanubari

Melenyapkan nafsu pribadi

Agar menjadi manusia mulia

Paugeran Tembang Macapat

Paugeran Tembang Macapat Kaya Nang Ngisor Kiye:

  1. Pada

Yakuwe cacahing tembang macapat saben selagu, sekang wiwitan tekan pungkasan.

  1. Guru Gatra

Jenenge larikan neng tembang macapat, neng tembang gedhe diarani pada dirga, yakuwe cacahing gatra/larik saben sepada/selagu.

  1. Guru Wilangan

Yakuwe cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

  1. Guru Lagu

Tibaning swara saben pungkasaning gatra.

  1. Dhong-Dhing

a. Padha karo guru lagu

b. Guru lagu sing tiba swara "U" utawa "I" (aksara swara)

PATHOKAN TEMBANG MACAPAT




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MACAPAT (belajar macapat asik)

Materi   Tembang macapat meniko salah siji asilipun kebudayaan jawa ingkang adiluhung. Macapat sampun ana wiwit jaman kuna, yaiku saka anane...